Ing Pantai Lor Pulo Jawa ( Pantura ),
sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana penguasa sing kasebut Adipati, wilayah
kekuasaane kasebut kadipaten. Ana penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten
Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati
Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana mengidul nganti pegunungan gamping lor
batesan karo wilayah kabupaten Grobogan. Yudhapati nduweni putra jenenge Raden
Jasari.
Sawetara iku, kadipaten Carangsoka dipimpin
dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe saka lor kali Juwana nganti Pantai
Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati Carangsoka nduwe anak wadon jenenge Rara
Rayungwulan.
Kacarita, lelorone kadipaten iku urip rukun
padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglestarekake pasedulurane, penguasa
Kadipaten sarujuk ndaupake putra lan putrine.
Adipati Paranggaruda ngirim utusane nglamar
Rara Rayungwulan, putrine Adipati Carangsoka. Lamarane ditampa, nanging calon
penganten putri njaluk bebana supaya ing acara pahargyan boja wiwaha dhaup
dimeriahake pagelaran wayang kanthi dalang kondhang sing jenenge Sapanyana.
Kanggo nglurusake bebana iku Adipati
Paranggaruda yaiku Adipati Yudhapati nugasake Yuyurumpung, penggedhe ing
Paranggaruda. Kanggo nglaksanakake tugase, Yuyurumpung niat nglumpuhake wibawa
kadipaten Carangsoka kanthi cara nguasai pusaka piyandele kadipaten Carangsoka
pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kadigoro sing diduweni raden Sukmayana,
penggene Majasemi, salah sijine bagian kadipaten Carangsoka.
Pusaka loro kasil kajupuk kanthi bantuan
Sondong Majeruk, wong sekti ing Paranggaruda. Nanging sak durunge diwenehake
Yuyurumpung, pusaka loro bisa direbut dening Sondong Makarti sala Wedari.
Wasana Sondong Majeruk mati, pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kanigara diaturake
Raden Sukmayana.
Sanadyan mangkana Yuyurumpung kasil
nerusake tugase nggoleki dhalang sapanyana supaya dhaupe putra adipati parang
garuda lan putrine adipati Gatangsoko bisa kaleksanan. Nanging ngepasi acara
resepsi nembe kawiwitan, penganten putri ninggalake kursi penganten menyang
panggon lan mlayu karo dhalang Sapanyana saengga dhaupe Raden Jasati lan Rara
Rayungwulan ora sida dileksanakake.
Adipati Yudhapati rumengsa diasorake,
akhire mutusake memungsuhan karo adhipati puspa andungjaya. Kadipaten loro sing
rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ing paperangan iku, pemimpin
prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur lan digentani adhike yaiku
Raden Kembangjaya. Kanthi dibantu dalang Sapanyana sing nggunakake pusaka
sekti, kasil menang ana ing paperangan lawan kadipaten Paranggaruda. Adipati
Paranggaruda Yudhapati lan putrane Raden Jasari gugur. Karana jasane Raden
Kembangjaya didhaupake karo Rr. Rayungwulan lan diangkat ngganteni Yudhapati
dadi adipati, dalang Sapanyana diangkat dadi patih kanthi gelar Singasari.
Kanggo ngatur pemerintahan sing ditambah amba ngidul, adipati R. Kembangjaya
mindahake pusat pemerintahan ana ing desa Kemiri kanthi ngganti dadi kadipaten
Pesantrenan lan jejuluk adipati Jayakusuma. Raden Jayakusuma nduweni putra
jenenge Raden Tambranegara.
Kanggo ngembangake pembangunan lan
pemerintahan, Raden Tambranegara mindahaken pusat pemerintahan sing sakdurunge
ana ing Kemiri arah ngulon ing desa Kaborongan, jeneng Pesantenan uga diganti
dadi Kadipaten Pati.
0 komentar:
Posting Komentar